CAH BAGUS
Cah bagus Opo sih ukuranne cah lanang bagus? Ngopo ujuk-ujuk aku ngarani cah e bagus. Opo mergo irong mbangir, utowo mergo rambut ketel lan kandhel, utowo sikap sing tenang, utowo jangut sing nyatihis, utowo...? Nanging ngopo dheke koyo bocah sing cuek? Ngopo dheke gelek ketok jumowo? Ngopo dheke ora tau sitik ae nglirik aku? ... Kamongko aku kulino sak angkot bareng dheke naliko budal utowo muleh sekolah. Opo cah bagus iku ora sadar yen enek cah ayu koyo aku gelek nglirik dheke? Utowo dheke ora perduli yen aku ayu?. Tenan, lho, aku Iki ayu! Jare wong-wong, aku paling ayu nang kelas, lan ora enek bocah ayu koyo aku nang kompleks omah sing tak panggoni. Nang angkot ae, saben enek aku, wong-wong nang njero mesti nguwasi aku. Tau salah siji ibu-ibu sing rodok enom sing sak angkot bareng aku kanthi bloko ngomong menyang aku, jarene; " dek, Kowe ayumen." Lan cah lanang liyane. Masio ora tau ngomong opo-opo, yen pethok utowo eroh aku, ora tau ucol soko nyawang aku kanthi ngumun. K...