CAH BAGUS
Cah bagus
Opo sih ukuranne cah lanang bagus? Ngopo ujuk-ujuk aku ngarani cah e bagus. Opo mergo irong mbangir, utowo mergo rambut ketel lan kandhel, utowo sikap sing tenang, utowo jangut sing nyatihis, utowo...?
Nanging ngopo dheke koyo bocah sing cuek? Ngopo dheke gelek ketok jumowo? Ngopo dheke ora tau sitik ae nglirik aku? ... Kamongko aku kulino sak angkot bareng dheke naliko budal utowo muleh sekolah. Opo cah bagus iku ora sadar yen enek cah ayu koyo aku gelek nglirik dheke? Utowo dheke ora perduli yen aku ayu?. Tenan, lho, aku Iki ayu! Jare wong-wong, aku paling ayu nang kelas, lan ora enek bocah ayu koyo aku nang kompleks omah sing tak panggoni. Nang angkot ae, saben enek aku, wong-wong nang njero mesti nguwasi aku. Tau salah siji ibu-ibu sing rodok enom sing sak angkot bareng aku kanthi bloko ngomong menyang aku, jarene; " dek, Kowe ayumen." Lan cah lanang liyane. Masio ora tau ngomong opo-opo, yen pethok utowo eroh aku, ora tau ucol soko nyawang aku kanthi ngumun. Kabeh iku katon jelas soko praupan lan sikape wong wong kae.
Nanging ora kanggo cah bagus iku! Dheke, cah bagus iku, ora tau sitik ae nglirik aku, opo maneh ngwasi! Dheke koyo-koyo ora tau nganggep yen aku enek. Dheke bedo soko wong-wong sing tau ngerti aku. Dheke cah lanang sing gak tau ngatekake. Opo aku enek utowo ora! Utowo, kanggo dheke aku ora ayu? Aku gak perduli masio cah bagus iku gak tau ngatekake aku, saben sak angkot bareng dheke, naliko lungguh jejer utowo adep-adepan. Aku mesti nyolong madeng nganti tanpo sadar aku dadi menthelengi. Haha, kamongko lha mbok tenan, aku rodok risih yoan nglakoni ngeneki. Ora apik ya kan? Kesanne koyo cah wadon kurang seprapat! Cah wedok ora tau Sinau tatakrama. Nanging kepiye yo, rasane aku kok pingin tenan kenalan kambi cahe. Aku ngarep dheke gelem dadi kancaku. Trimo ae, dheke ora tau sitik ae ngekei perhatian menyang aku, aku meh mikir; menowo cah bagus iku cah lanang sing ora nduweni perasaan!
Tau ing salah sijine dino aku nyeblokake kacu biruku naliko kesenggol dheke. Koyo adat e, wayah iku kito ono nyang angkot sing podo. Kanthi sak kelebatan, umpamane Spiderman nylametake korban, cah bagus iku ngeranggeh kacu biru lan mbalekake nang aku, sambi mesem. Wooo, eseman e iku. Wahh, pipi dekik e iku! Nanging saterus e, kahanan koyo asal e. Ora enak ukoro-ukoro, ora enek suoro. Naliko aku ngucapake matur suwun, dheke namung mantuk lan mesem nganti ketero untu-untu tikus sing putih uga rapi. Namung iku. Mesem, ora enek suoro, ora enek ukoro-ukoro. Nanging, wooo... Eseman e... (Ya ampun, aku kok dadi sawan ngene, ya?)
Sak jok kedadean iku pikiranku bener-bener gak iso ucol soko cah e. Nang kelas, Nang pasar, nang taman, nang endi-endi! Mesti enek eseman e. Aku nggumun, eseman e mesti enek melu aku nang endi ae, persis koyo wong sing kesemsem. ( Iku jare kancaku sing tau ngrasakake, lho).
Paling bener jare syair langgam langgam tresno, "Nang endi enek aku nang kono enek Kowe; koyo novel-novel utowo cerkak-cerkak obralan, sing isine mbahas cah wadon sing ketaman asmoro. Yo , jengkel kan! Tenanan, aku jengkel tenan! Nanging aku gak iso ngapusi awakku dewe, sak tenane cah bagus iku wes dadi bagian uripku. Lan aku ora iso selak yen atiku wes ono ing cengkereman e. Wadoh cilaka rolas.
"Ngopo cah ayune koyo kowe kudu ketok murung koyo ngene? Opo enek bocah sing ngusik atimu? Ojo umbar dheke nyuwek lan ngoyak atimu!".
Kampret! Si Markum, cah kulit Ireng celeng, awak e kurus, kocomotoan min rolas lan ngaku-ngaku sastrawan iku terus mbedo aku. Ngopo dheke mesti enek naliko aku tenanan pengen eroh cah bagus iku?
"mesti cah bagus nang angkot iku, ya kan?"
Tenan, Yo o? Dheke mesti eroh opo sing enek nang njero pikiranku. Ananging Yo wes ben neh, pancen nyatane ngono. Masio cah dekil iku mesti mbuyarake angen-angen indahku, toh aku rumongso bejo nduwe sohib koyo dheke. Mergo Markum yoiku cah sing mesti iso njawan permasalahanku, lan dheke koyo Mbah uti ku sing gak tau mandhek ceriwis soko pakulinan-pakulinan elekku. Yo, pakulian elek! Ruamangsane namatake cah lanang sing urung dikenal iku pakulinan elek? Ngonowi miturut Mbah utiku, semonougo jare Markum.
Aku lan Markum koyo anak pitek lan Babin e. Dheke mesti ngetotake aku, kejobo budal lan muleh sekolah, nang angkot iku. Amergo Markum nyang sekolah gae skuter lawas e. Lan masio dheke gak tau waleh mapak aku, aku yo ora tau gelem nebeng skuter e. Sebab aku tau apes kambi skuter lawas e iku, nyurung amergo ngandat mogok.
Bebarenganku lan Markum ora mung nang kelas utowo nang kantin sekolah. Ora jarang Markum dolan nang omahku. Lan dheke cah lanang sing pinter ngerah atine sakisi keluargaku.
Bapakku ae dadi konco catur e. Si item ngono kadang aku nyeluk Markum, gelek bareng Mbah Nang mancing nang bengawan. Atau, si Kumal kadang kolo aku nyeluk cah e, gelek bongkar pasang rongsokan VW kodok nang bengkel bareng Bang Jay, nang mburi omah. Percoyo pora si urakan, jeneng liyo soko Markum kanggo kecuekanne, seneng bebarengan kambi ibu njabuti suket nang latar siseh kulon omah. Lan sing gak tau iso aku ngerteni, mbak Indah, wong wedok sing paling menengan mareng cah lanang ngendi ae, iso diakrabi. Maklum wae, mbak Indah kan mahasiswi fakultas sastra. Lan si urakan iku, masio ijek terdaftar bareng aku nang salah sijine SMEA, Ojo takon yen ngomong soal sastra. Guru bahasa Indonesia ku ae keok musuh cah e. Dheke Dudu Trimo ngerti sastra negri Indonesia, sing aku dewe ora mudeng, tapi dhek e ugo ngerti sastra Arab, Persia nganti Romawi. Kesusastraan Jepang lan Perancis tau ngekei piagam nang dheke, naliko pusat kebudayaan Negoro kasebut mbuka lomba seni lan sastra ijolan murid. Yen wes ngomong Babagan sastra kambi mbak Indah, si item, Kumal, lan urakan iso ngentekake wektu jam-jam an. Emboh opo sing diomong. Sing tak ngerteni, ngomong e tenanan sambi kadang kolo diselingi nguyu. Wong loro kae koyo cah edan. Yo, mbak Indah lan si urakan Persis cah edan!.
Nanging aku rumongso bejo nduweni konco Lanang koyo Markum, cah e nduweni akeh keluwihan. Cah e lumayan alim. Maksud e , dheke gak koyo cah lanang umum sing ono Nang sekolahanku, sing ngentekne mongso enom kanggo Hura Hura.
Mulane, tak embarno ae konco-konco sekolah ngenyek aku. Tak embarne konco-konco nggumun godek godek ngerti akrab kambi Markum . Lan masio enek sing kondho yen Markum pacarku, aku mboyak mbokde ae. Ora urusan kambi konco-konco, sing penting aku nduwe konco kanggo madol, andom cerito lan mecahake pirang pirang persoalan. Kekancanku lan berbaur kanthi perangane watesan-watesan sing digae wongtuo.
Ojo kaget yen malem Minggu cah ayu koyo aku ditekani cah Kumal, Ireng lan urakan iku. Karandekne, aku emoh gede rumongso disek, amergo urung mesti tekane Markum saben malem Minggu iku tujuane kanggo aku. Sebab ora tau metu soko suarane, Yen cah e seneng aku. Tumekane Nang omah, Yen gak dolanan catur kambi bapak, Yo guneman ngalor ngidul mbi Mbah kung , Mbak indah utowo mas Jay. Khusus yen guneman kambi mbah kung, Markum gelek ngomong soal agomo. Waduh, pancen sok pinter bocah!
Mbalek nyang cah bagus iku, duh Gusti, ngopo ndadak mbahas Markum barang, Yo? Opo sih paedah e! Huh, urakan, Ireng, amburadul, lan acakadut, hiyyy... ( Nanging bloko ae, dheke gemati nang aku!)
Wes seminggu iki, meh saben dino aku petukan cah bagus iku nang angkot. Sikape panggah koyo biasane. Adem. Nanging pancen dasar e bagus, Yo panggah bagus! Liyo kambi Markum, masio mrenges saben dino panggah ae ora maleh! Lho? Mentalane aku mbandingake cah bagus iku kambi si amburadul?
Sak joke kedadean ceblok e kacu biruku winginane, cah bagus iku mesti mesem nguyu saben petukan. Nanging sak wes e, dhek e lan aku amung meneng-menengan sak balatan penumpang liyane. Kamongko aku pengen banget disopo, sakukur; hai, halo, assalamualaikum utowo opo ae. Banjur dhek e Takon jenenengku, alamat, nomer hp, wes ndue pacar utowo urung lan liyane, ananging, aku lan cah bagus ora tau negur nyopo. Namung mesem, mesem, lan mesem. Hihi, dadi koyo iklan odol! Gareng.
Sakjane aku pengen pisan nyopo disek. Tapi jare Markum, uh, si Markum maneh! Jare si amburadul iku, ora apik cah wedok nyopo luweh disek. Jarene, iso -iso aku diarani cah wedok opo, ngono. Mulane ben ae, aku terus ngenteni lan ngenteni. Ngenteni disopo. Nanging kapan Yo, cah bagus nyopo aku?
Cah Bagus
Komentar
Posting Komentar