KANCA EDAN

1. Paningsetan 


"Yen Aku lan Kowe Ana ing sijine perkara kang ndadekake kita bebarengan, mula kanggo nglewati lelakon iki kudu tansah bebarengan. " 


Langit katon padhang jinglang kanthi awan putih kang maesi nalika prawan umur 17 taon mlaku temuju ing salah sijine omah kang model Eropa. Platarane amba, sak ambane lapangan Marathon. Arek iku mandhek mlaku lan namatake siseh kiwa tengen e omah kang wes suwe ditinggalake meh 5 taon. Dumadakan atine deg-degkan, kang dirasa saiki. 

    "Ora malah, panggah kaya biyen," gunem e banjur mlaku maneh. Saka kadohan pawongan lanang umur sekitar 40 taon lan pawongan wadon kang sakpantaran mlaku gagean nyambot bocah iku. Lakune mandhek nalika pawongan ana ing ngarep e, Dhekne amung mesem kecut. 

    "Den Octavia, " tembung e pawongan wadon iku. Betul, jenenge arek prawan mau yoiku Octavia, luweh gamblang maneh yen nganggo jeneng mburi Lesmana. Kadang kala Dhekne jeleh nganggo jeneng kang disandang iku. 

     Dhekne banjur ngomong alon, "menapa maleh engkang ndamel Rama kalian Ibu ngutus kula kondhor saking Amerika?" Pitakon e Octavia. 

    Pawongan loro kae mau jebule pasangan garwa iku ndingkluk wedhi, ora enek kang niat mangsuli pitakon saka putri Bendarane iki. 

    Suwe ngenteni jawaban. Nganti 2 menet ora Ana niat kelorone ngomong, banjur ngomong, "ngeh sampun, Pak Lek lan Bu Lek mboten ngertos Kula." Dhekne jeleh takon, nangging ora dijawab. Dhekne mutosake mlebu nang omah kang lawang cler puteh iku. 

     Nalika pisanan mlebu omah iku. Dhekne langsung tumuju senthong kang Ana ing tingkat loro. Ora niat ngubengi luweh disek, dhekne wes kesel ing dalam pirang-pirang jam ketambah macet dawa saka Bandara tekan omah. Octavia wes teka ngarep lawang senthong, ambegan gedhe lan mbuka lawang senthong iku. Apa kang dhekne pethuki yoiku senthong iki persis ora Ana kang maleh sajok e ditinggalake. Dhekne mlaki alon tumuju amben kang Ana ing pojok senthong, rumangsa kangen, banjur nglethak. Kurang saka 5 menet, wes ana ing ngalam impen. 

                                     πŸ€΅πŸ»πŸ‘°πŸ»

     Octavia lungguh ing ngarep meja maem bareng wongtuane. Kluarga iki pancen sepi. Wongtuane Octavia amung nduwe 2 keturunan. Anak kang pambarep yoiku lanang saiki ana ing jabane kutha, sibuk ngurusi cabang perusahaan. Anak kang ragil, sapa maneh yen dudu kang lagi lungguh anteng ing meja maem. 

     "Dadi, piye sekolahmu ing Amerika?" Pitakon Wong lanang umur sekitar 50 taon lan uga panjenengane yoiku pimpinan ing kluarga iki. Wong lanang iku jeneng jangkepe Jaka Lesmana kang kebal wibawa lan sifat tegas. 

     "Lha ngeh ngoten nika, biasa-biasa mawon," jawab Octavia sak olehe, ora noleh amerga ijek Setya ngodak-ngaduk daharane, ora nafsu. 

     Jaka ambegan abot lan namatake putrine iku lamat-lamat, banjur mbalek ngomong, "bapak wes daftarake jenengmu kanggo nerusake sekolah ing salah sijine sekolah kesohor ing Jombang iki," ujar e. 
Octavia amung manthuk singkat minangka jawaban, muspra wae yen pengen mbantah. 

     "Kowe ngerti yen mbahmu saiki lara?" 
Pungkasane Octavia mau Setya ndingkluk lan ngodak-ngaduk daharane iku mulai ndangak. Amerga iki nyangkut mbah e. Saiki pitakon iku metu saka ibune. 

     "Saestu?, gerah menapa lan teng pundi mbah saiki?" Takon Octavia. Marina, jeneng ibu Octavia, saiki lungguh ing sandinge Octavia iku mesem amerga anak ragil e iki mulai minat ing omongan kang bahas. 

     Marina jawab singkat, "penyakit jantung kumat maneh." 

     Octavia mbatek ambegan nalika jawaban iku kang ditampa. 

    "Mbah njaluk pethukan Kowe, sambangi mbahmu sesok ing rumah sakit. Mbah kangen mareng Kowe." 

                                       πŸ€΅πŸ»πŸ‘°πŸ»

     Lungguh ing sanding e mbah e kang saiki lagi merem anteng lan selang-selang kanggo nyambung urep kang akeh dipasang ing ragane, agawe atine susah. 

     "Mbah, Octavia teng mriki," Octavia mbisiki ukara iku ing kuping e si Mbah. Ora ana jawaban jelas e. Banjur Octavia nyelehake tlapakan tangan mbah e ing pipine. Alon-alon tumetes banyu mata nelesi pipine. Banyu mata iku tumetes maneh lan sansaya deres. Dhekne rumangsa luput mateng mbah e. 

     "Nyusun pangapunten engkang katah mbah. Octavia sampun 5 warsa mboten tilek mbah lan mileh manggen teng Amerika." Octavia mbatek ambegan kesel, rasane muspra, ora bakal ana jawaban saka mbah e. 

     Dumadakan, tangan kang ana ing pipine Octavio iku rodok obah. Octavia kang ngrasakake iku spontan kaget lan mata kang mau merem anteng iku uga alon-alon mbuka. Wong lanang kang ngeletak lemes iku menehi kode ben piranti dokter kang nutup lambe lan irung iku dibuka. Octavia godek-godek. 

     "Mboten mbah, mbah dereng cekap kiyat," wong lanang iku ngedipake mata minangka tanda yen dhekne wes sanggup tanpa piranti iku. Pungkasane kanti abot ati Octavia nyeluk juru rawat kang tugas kanggo njaluk tulong mbuka piranti iku. 

     "Octavia," suara mbah krungu parau lan abot. Octavia manthuk lan mesem tipis, matane mbalek panas, ananging saiki dhekne ngempet banyu mata. 

     "Mbah, Octavia kangen sangat." Octavia ora isa ngempet maneh, dhekne langsung ngerangkul mbah e alon. Dhekne ngupaya nyalurake rasa kangen kang numpuk pirang-pirang taon. Semana uga sak walike mbah e..

     "Beja, mbah iseh bisa pethukan Kowe sak urung e lunga." 

     Nalika krungu iku, Octavia langsung ngudari rangkulane, ndelok keloro mripat e mbah. "Ngendikan napa to mbah niki. Mbah mboten angsal tindak lan mboten angsal teng pundi-pundi. Mbah kedah Setya teng mriki. Wonten Octavia engkang niaga mbah." Mbah iku mesem, putu kang wes pirang-pirang taon ora ana ing sanding e, saiki muleh. 

     Mbah iku mesem lan ngelus sirah Octavia. "Octavia, mbah sayang mareng Kowe." 

     Octavia mesem krungu ucapan mbah iku  dhekne mbales, "sak wangsulipun, Octavia ngeh mekaten mbah." 

     Mbah mesem, nangging gak suwe pasuryane dadi sumelang. 

     "Enten napa mbah?" Takon Octavia. Rumangsa aneh dumadakan wae mbah katon susah. 

     Mbah jawab kanthi ambegan abot, "mbah amung wedi yen mangsa kanggo mbah garek sediluk engkas. Tapi enek siji perkara kang isek nganjel saiki. Mbah pengen ndelok urepmu Mulya disek." 

     Octavia mesem, anangging ana semburat kuciwa krungu mbah wes pasrah babagan umur. Octavia isek njajal mesem, "mboten mbah, mbah kedah sehat. Kula sampun Mulya, cekap mbah Setya wonten teng sanding Octavia kalah ninggali mbah bunggah Octavia sampun kabejan," jawab e yakin. Dhekne mesem tulis, tapi mbah maleh mbales kanthi mesem kecut. 

     "Dudu iku kang tak maksud, mbah pengen Kowe Mulya nanti pungkasane urepmu ambi wong kang tak yakini bisa njamen kamulyananmu lan uga njamen urepmu." 

     Octavia wiwit ngerti maksud omongan e mbah iki, tapi ethok-ethok ora ngerti ben bisa dijelasake sak kabehane. " maksudipun menapa ngeh mbah?" 

     Mbah mesem lan ngelus sirah putune iku, "maksud mbah, mbah pengen ndelok Kowe seneng ambi wong kang tak pilehake sak durunge mbah lunga," jelas e. 

     Ati Octavia dumadakan serek. Mulya ambi wong kang dipilehake. Ukara iku agawe lara banget. "Menapa niki maksudipun mbah dijodohake?" 

     Mbah iku mangut lan mesem ayem, nangging kosokbalen e Octavia kang malah godek-godek lan ekspresi ora seneng. Dhekne nampak entah-entahan gagasan e mbah iki. 

     "Mboten mbah. Octavia saget pados piambak tiyang engkang saget mulayaaken Octavia. Octavia menghormati mbah engkang sampun madosaken tiyang menika, nangging Octavia percados saget manggehaken piambak kairing mlampahing mangsa. Sakniki Octavia taseh timur, dereng cekap kagem mikeraken babagan jodo." 

     Krungu jawaban Octavia, mbah ujug-ujug murong. "Iki iseh paningsetan nduk, Kowe bisa ngelanjutake yen gelem utawa ngelereni yen rumangsa ora cocok. Tapi dadi kalenganku nalika ndelok kowe bebarengan wong lanang kang tak pileh. Kowe siji-sijine putuku wadon. Amung iki panjalukanku kang pungkasan. Lilakna mbah lunga kanthi ayem lan tentram, yen wes ngana mbah lagek bisa nyawang kowe seneng." 

     Octavia meneng, dhekne ora ngerti pengen jawab apa. Sakiseh pengen nampak jejodonan iki amerga isa ngoleki dewe jodone. Siseh liyane dhekne sadar yen iki panjalukane mbah e. 

     Ketokan lawang agawe dhekne lan mbah nyelenggak.
     Bapak lan ibu mlebu ing senthong ngawa woh-wohan lan langsung lungguh ing ngarep wong lanang kang nyawang Octavia ambi kebak pengarep-arep. 

     "Pripon, pak? Takon Jaka mareng bapak e kang lagi ngletak ing panggon turu rumah sakit. 

     "Bapak wes njelasake, tapi dhekne durung jawab," jawab e wong tua iku. 

     "Octavia, iki panyuwonane mbah," saran Marina melu uron rembukan ing omongan. Octavia sek meneng lan ora isa miker bening. 

     Mbah ngomong maneh, "mbah arep-arep banget kowe isa nampa iki, mbah percaya dhekne isa nyenengake kowe, dhekne uga saka kluarga kesohor." 

     Rodok sumelang rasane yen mbah amung golek bakal kang kesohor lan sak derajat, dudu sijine wong kang bener-bener isa mulyaake. 

     "Dadi kepriye?" Takon bapak e Octavia. 

     Octavia ambegan dawa. Meneng suwe, dhekne ngupaya miker tekanan, banjur ing sak batekan ambegan jawab, "ngeh, kula tampi." 

                                      πŸ€΅πŸ»πŸ‘°πŸ»

     Kahanan wangi ing panggon iku katon rame, jelas wae pirang-pirang sedan rega atusan yuta wes jejer rapi. Hadicara kang biasane ditekani wong-wong dompet kandhel lan urep wah. 

     Ing cedak panggon iku enek 4 wong ganteng, kang nasep beja asale saka golongan dompet kandhel. Sapa kang gak kenal ambi wong kae kang asale saka wong sugeh, kang jeneng kluargane ae wes kesohor. Pratama? Tedja? Adikusuma? Utawa kang palang kondang saiki yoiku Riyanto? Oh ya, kae mau pancen sosok pangeran kang saiki urep ing abad ke-21.

     Z 3 saka wong mau gayeng cerita, diselingi guyon utawa jotosan enteng. Amung 1 wong ing Kana kang trima lungguh meneng sambi ngelamun. 

     Salah siji saka wong mau nyadar ana kang beda mareng kancane siji iki. 

     "Bayu, ngapa wee? Takon mareng wong kang aran Bayu. 

     Bayu ndanggak lan mesem kecut. 

     "Oh, gak papa. Sumpek ae," jawab e. Katon banget yen wong kang aran Bayu iku ana kang lagi dipikir. 

     Salah siji wong kang gak isa ucul saka handphone iku nyawang Bayu tekanan. "Apa kang mbok delekake saka kene?" Takon e

     "Gak enek. Ya wes, kana kang arep balapan langsung ae mana, Aku tak kene ae. Aku lagi gak mood saiki." 

     3 kancane iku amung ngangkat pundak lan neblek pundak wong kang ngangkon gagean balapan. Wong kang diteblek pundake iku pisan maneh trima mbaleh mesem kecut. 

     Sorry Bray, aku gak isa ngomongi kowe-kowe kabeh. Ben tak urusane dewe. 

                                 πŸ€΅πŸ»πŸ‘°πŸ»

      Octavia ngelirek maneh jam tangane, iki wes mah sak jam. Dhekne jengkel ngenteni, lan dadi rekor yen dhekne betah ngenteni wong suwene sak jam. Umpama ora penting, dhekne mesti bakal Lingga saka 45 menet kepungkur. Tapi, dhekne ngerti yen bakal oleh perkara umpama Lingga saka panggon iki. 

     Mbah e wes ngerancang mangsa kang pas iki kanggo nemokake Octavia lan wong iku. Dhekne blas ora ngerti sapa wong kang dipileh mbah e. 

     "Ya Allah, wong ki suwemen nah," gunem e sambi ndelok jam tangan maneh. 

     Gak suwe, lawang cafe rodok saitik geser lan saka kana ana wong pawakan duwur mlebu. Mandek lan nyawang kiwa tengene, mandek ing siji panggon. Dhekne awet mlaku yakin lan mandek pas nang ngarep cah wedok kang nyawang bingung. 

     "Bener, kowe jenenge Octavia Lesmana?" 

     Panyawangane cah wedok iku maleh jengkel. Dhekne manthuk. 

     "He'em, kowe Bayu Riyanto iku?" 

     Lan dibales manthuk. 

      Nyedot ambegan jero. Bayu mbatek dingklik kang ana ngarepe Octavia. "Aku moh basa-basi, langsung wae nang intine." 

     Bayu namatake Octavia tekanan. "Apa kowe gak payu nang pasaran?" 

     Pitakonan apa kang diomongake wong iku, jelas ae agawe Octavia njumbul kaget. Dhekne wes kesel ngenteni sak jam punjul lan nalika teka, malah menehi pitakonan kang luweh persis nyinder. Emosine dumadakan munggah lan mbludak saiki. 

     Octavia mandeng Bayu pas nang isi matane. 
"Pisan, aku arep ngomong yen sak jam ngenteni iku ora sediluk, lan wes kudu nyadar netepi janji kang wes disepakati. Loro, we kudune njaluk sepura luweh disek amerga waktu kang prayogaku keguak muspra. Lan ping telu, wes gak eruh apa-apa babagan aku lan gak pantes wes ngomong kayak ngana nang pethukan kang pisanan," dhekne sediluk mbatek ambegan  sambi ngacak rambutr setres. "Lan, oh Gusti, apa iya enek pethukan meneh ambi wong kayak kowe?" 

     Bayu mlonggo, dhekne isa mbiji cah wedok nang ngarep iki nduweni temperamen  duwur lan gampang kepancing. "Aku trima takon, yen we rumangsa kesinggung, tak bedek, jawaban pitakonku mau yoiku iya." 

     Octavia nyawang jero Bayu. "Sak durunge sorry, yen we ngira aku gak payu, kayak e we salah, uwes ping pira aku nolak cah lanang kang ngomong perasaane nang aku. Malah aku isa oleh cah lanang trima mesem," jawaban yakin Octavia malah dibales guyune Bayu. 

     "Wah, apa iya? Lha trus ngapa we nrima paningsetan iki? Yen dudu amerga gak payu, kemungkinane enek loro kang isa dadi alesan. Duit utawa amerga aku ganteng,"  ucap Bayu PD. 

     Saiki emosine Octavia mbludak maneh. Pethukan pisanan ae kayak ngene. Dhekne gak isa mbayangne yen dhekne lan cah lanang iki kudu bebarengan. 

     Dhekne trus mbales, "duit? Mbok kira, aku wong matrealistis   kang rela ngapa wae trima kanggo duit? Karandekne, tak rasa kluargaku sek sanggup ngeragati kabeh kebutuhane urepku. Lan, kusus siji mau, we ngomong we ganteng, malahan ndelok kowe lagak pisan iki lan nang njaba kana akeh banget cah lanang sing luweh ganteng saka kowe." 

     Bayu mesem, dhekne gak ngerti ngapa rasane bunggah ae geger ambi cah wedok kang lagek dikenal pirang menet kepungkur iku. 

     "Trus ngapa?" 
     "Amerga aku gak pengen gawe kuciwa salah sijine wong," 
     Octavia njawab srengen nang Bayu. "Kang tak weruhi, dudu trima aku ae nang kene kang setuju. Malahan we uga nyetujoni iki? Lan apa alasanmu? Takon Octavia balek, pandengane mata Bayu lurus mengarep, dhekne mesem tipis. 

     "Aku diincem, yen ora, paling cilik e ae wong tuaku emoh mbiayai urepku maneh," bales Bayu. 

     Kelorone meneng ing waktu kang suwe, repot ambi pikirane dewe-dewe. 

     "Awake dewe amung butoh waktu 2 taon kanggo betah ing kahanan iki. Yen awake dewe mbantah saiki, aku utawa kowe bakal ana ing posisi angel. Yen awake dewe nerima saiki lan ngelakoni disek suwene 2 taon lan pisah bar kui lan ngomong awake dewe gak cocok, tak rasa wong tuane dewe isa nampa." 

     Iku krungune gagasan elek, tapi pancen bener. Kahanane mbah ora apik, yen dhekne ngomong saiki bakal gawe kahanane mbah tambah nemen. "Ya, trima 2 taon, bubar iki ayo ngelakoni urepe dewe-dewe tanpa saling hubungan blas," punggel Octavia. 

     Kelorone salaman lan sepakat ambi apa kang diucapne mau. 

                                    πŸ€΅πŸ»πŸ‘°πŸ»

     Sak mungkur e pethukan pisanan iku, pihak kluarga sepakat ngelaksanaake paningsetan kanggo cah lorone cepet, kira-kira seminggu saka saiki. Kabeh kluarga wes ngawiti persiapan-persiapan cilik kanggo acara iki. Pancen ora bakal dirameake, amung kluarga cedak lan krabat kang bakal teka. 

     Bayu njaluk mareng wongtuane amreh ora ngundang wongtuane kanca-kancane kang dadi krabat cedak wongtuane iku, dhekne pengen ndelikake iki saka wong mau kabeh. Dhekne ora pengen kanca-kanane nyawang beda sak wes e ngerti yen dhekne wes paningsetan. Lan dhekne uga ora pengen kanca-kanca sak sekolahan weroh, dhekne emoh wirang. 

     Pancen Bayu wes krasa yen wongtuane bakal mesti milehake jodo kanggone, tapi kang dhekne gak ngerti ngapa kudu enek paningsetan kayak ngene. Duh Gusti, dhekne isek SMA lan wes nduwe calon, perkara konyol apa iki. Tapi, dhekne ora isa ngelak amerga kabeh iki wes putusane wongtuane. 

     Octavia wes lungguh nang sedane Bayu, dhekne amung ngotak-ngatik handphone, sakuntara Bayu amung fokus nyeter. Masio ngana ora selak yen pisan-pisan dhekne ngelirek cah wedok kang ana nang sandinge iku. Ora ana suara apa maneh gendhing kang muni, Bayu pancen arang nyetel tape kang ana ing sedang. 

     "We sekolah nang ndk?" Takon Bayu akhire mecah kasunyen, malahan sekolahan "calon paningsetan e" ae dhekne ora ngerti. 

     Octavia nyelengak nang Bayu alon lan njawab apa anane, "sak durunge aku sekolah nang Amerika. Pirang minggu kepungkur lagek muleh saka kana. Aku kelas 2 SMA. Pada kayak kowe. Bapak ngomong yen wes ndaftarake aku nang sekolah unggulan nang kutha iki, ngomonge aku bakal sekolah bubar acara paningsetan." 

     Bayu amung manthuk krungu. "We ngerti awake dewe bakal urep sak omah bubar acara paningsetan iki?" 

     Octavia njawab tanpa boleh. "Awake dewe bakal urep ambi pak Lek lan bu Lek kang dadi embanku kawat cilik, dudu gur wong loro." 

     Bayu pisan meneh manthuk, "wongtuaku ngomong, iki apik kanggo kenalan. Tapi jareku, iki perkara edan." 

                                     πŸ€΅πŸ»πŸ‘°πŸ»

      
      Bayu lan Octavia wes teka butik, nangging isek ana nang parkiran, durung metu saka sedan. 

     "Butik iki yoiku butik langganan ibuku," ucap Bayu. 

     Octavia boleh sungkan. "Trus?" 

     "Ibuku wes ngabari babagan awake dewe kang bakal paningsetan lan ngukur klambi nang kene. Dadi aku emoh dhekne madol ngomong yen awake dewe gak cocok lan udur ae nang butik e, awake dewe kesane kudu cocok masio amung ethok-ethok." 

     Octavia amung ngunggahake ales lan ora enek jawaban liya sakliyane, "ya, sak karepku ae." 

     Bubar ngomong ukara iku, Bayu langsung metu saka sedan lan mbukakake lawang siseh e Octavia. Octavia rodok mesem nyepelekake nalika Bayu ngana iku. Kelorone mlaku iring-iringan mlebu menyang butik. 

     Octavia mbisiki nang kuapinge Bayu, "aku lagek ngerti yen kowe semuna iki." 

     Bayu mbales mbisiki lan mesem, "iya, aku pancen muna. Awake dewe iki pada-pada munane, dadi aja ngenyek. We lan aku pada wae," bales Bayu sarkatis. Octavia ora ngatek lan gak jawab. 

     Sak tekane nang jero butik, Bayu langsung disambut ibu-ibu kang nduwe butik kang setatuse yoiku kanca ibune, asmane yoiku Neyna. Neyna mandang saka pucok sikil tekan pucok sirahe Octavia, sampek ping pindo. Octavia rikuh nalika disawang kayak ngana mareng wong anyar. 

     "Iki calonmu, Bayu?" Takone bulek Neyna, rampung marem namatake octavia. 

     Bayu manthuk. "Enggeh bulek, asmane Octavia Lesmana," Bayu ngedepake mata mareng Octavia minangka isyarat kanggo ngenalake awak nang bulek Neyna. 

     "Octavia Lesmana," ucape sambi salaman ambi bulek Neyna. 

     Bulek Neyna mesem sumeh. "Bayu, calonmu iki ayu banget. Kowe pancen beja, Bayu. Yen disawang-sawang, pancen gandengan kang sampurna." 

     Rasane dhekne pengen sesumbar awak mareng Bayu lan ngomong seru nang kuping Bayu apa kang saiki nang pikirane, sawangen, malah wong kang lagek anyaran pethukan aku menehi biji yen aku ayu banget. Nangging, kang dhekne lakoni yoiku mesem manis mareng bulek Neyna. 

   Bayu uga milu-milu mesem
   "Ya wes neh, ayo diawiti." 

                                       πŸ€΅πŸ»πŸ‘°πŸ»

     Sak rampunge mileh-mileh kebaya endi kang mitirute pas kanggo dienggo acara mengko, Octavia pungkasane mileh kebaya celir e putih susu kang kaet mau narik minat e. Ing jero senthong ganti, dhekne kaet njajal, sakuntara Bayu lungguh ing dingklik kang ana ngarepe senthong ganti lan dolanan handphone  octavia kang dititipake mareng dhekne. 

     Suwe ngenteni, Bayu krasa waleh. Dhekne ndelok galeri foto nang hp ne Octavia, pisan-pisan dhekne nguyu ndelok selfie kang difoto Octavia. 

     Pancen kedanan kamera 360, Bayu ngeser maneh layar handphone kanggo ndelok meneh foto kang dijipok calon e iku. Alay, yakin bener-bener muak. Bayu geser meneh foto sakteruse. 

     Bayu rodok meneng lan gak ngunem foto kang didelok keri dewe. Foto iki yoiku Octavia ambi cah lanang kang saitik luweh duwur saka Octavia, palang sakpantarane dhekne. 

     Apa cah iki pacar e cah wedok alay iku?  Batine. Handphone iku langsung pindah nang tangan nalika Octavia ngeroyok saka dhekne. 

     Octavia mendelik nang Bayu, "preasanku mau amung nangkon mbok gawakne, dudu mbuka, apamaneh ndelok," ngelirek jero. 

     Bayu ora njawab, dhekne sibuk namatne Octavia saka pucok sirah sampek sikil. Saiki Octavia nganggo kebaya klir putih susu kang agawe dhekne katon ayu lan anggun. 

     "Ngapa, we 


Komentar

Postingan populer dari blog ini

Story My Love Story My Life

CAH BAGUS